KISI-KISI BAHASA JAWA (UJIAN SEKOLAH XII)
1.
Pawarta kang ditujokake
kanggo umum, kang surasane menehi pangreten tumrap sawijining prastawa diarani...
a. layang d. selebaran
b. wara-wara e. iklan
c. majalah
2. Purwakanthi
kang runtut swarane (vokale) mapan ana saburine tembung diarani guru...
a. sastra d. gatra
b. lumaksita e. swara
c. basa
3. Pring
dhempet, tekan kene ra kandha-kandha. Perangane tebusan yaiku...
a. andha d. tekan
b. tekan
kene e. Pring dhempet
c. kandha-kandha
4. Ing ngisor iki kalebu ukara wangsalan, kajaba…
a. Iki sarung jagung mungguhing aku. Abot entheng daklakoni
b. Pring dhempet, tekan kene ra kandha-kandha.
c. Kembang menur sumebar tepining sumur. Kudu jujur yen kowe kepengin
luhur.
d. Njanur gunung, tenan kok kadingaren tekan kene
e. Mentil kacang, besengut
mawon dhateng kula
5. Aku ora wani kandha marang bapak jalaran wedi
yen nesu. Basa krama aluse ukara ing dhuwur yaiku…
a. Kula boten
wantun matur dhateng bapak amargi ajrih manawi duka
b. Kula boten wantun sanjang dhateng bapak amargi ajrih manawi duka
c. Kula boten
wantun ngendika dhateng bapak amargi wedi manawi nesu
d. Kula boten
wantun sanjang kaliyan bapak jalaran ajrih yen duka
e. Kula boten wantun ngendika dhateng bapak
amargi ajrih menawi duka
6. Keprigelan kang digunakake nalika ngatur mandheg lan
teruse pamacane naskah pawarta iku diarani babagan…
a. nggunakake
pangucap kang trep
b. pamedhote
frasa kang trep
c. nggunakake
intonasi, nada, lan tekanan kang trep
d. ngerteni tandha wanca kanthi trep
e. swara
kang cetha
7. Rerangkening
tatacara manton kang baku yaiku lamaran, ningseti, siraman, malam midodareni,
ijab lan pahargyan. Tegese tembung ningseti yaiku…
a. dandan
cincin
b. ngenteni
c. tukar cincin/ali-ali
d. tuku
cincin
e. pesen
cincin
8. Simbah
wajanipun nembe gerah. Aku lagi loro…
a. sirah d. weteng
b. sikil e. irung
c. untu
9. Paragrap kang nyritakake supaya wong kang
maca kaya ngalami dewe diarani paragrap…
a. deskripsi d.
eksposisi
b. narasi e. persuasi
c. argumentasi
10. Bareng krungu critane Alya kabeh padha ngguyu.
Basa
krama aluse ukara ing dhuwur yaiku...
a. Sareng
keprungu critanipun Alya sedaya sami ngguyu
b.
Sareng mireng critanipun Alya
sedaya sami gumujeng
c. Bareng
pinanggih kaliyan Alya sedaya sami gumujeng
d. Sareng
mireng critanipun Alya sami kemekelan
e. Sareng
krungu critanipun Alya sedaya sami ngguyu
11. Wawan rembug kang ditindakake kanthi nyawisake pitakon-pitakone
luwih dhisik sadurunge kagiyatan wawan rembug diwiwiti diarani....
a. bebas d.
pribadi
b.
ora
langsung e. langsung
c. struktur
12. (1) Khotbah
cengkorongan (kerangka pidhato)
(2)
Nata pokok-pokok pikiran
(3)
Ngandharake pidhato kanthi migatekake cengkorongan
kang wis didhata
(4) Ngripta pokok-pokok pikiran dadi ukara
pokok
Urutan
kang bener, kagiyatan kang prelu dianakake sadurunge nglakokake pidhato yaiku…
a. 3-4-1-2 d. 2-3-1-4
b. 1-2-4-3 e. 2-4-1-3
c. 3-2-1-4
13. Ing ngisor iki kang kalebu
paugeran tembang macapat, kajaba…
a. Guru gatra d.
Guru wilangan
b. Pupuh e.
Guru gatra
c. Dhong-dhing
14. Cacahing tembang macapat ing
saben sak lagu saka wiwitan nganti pungkasan iku diarani…
a. pada
b. Guru gatra
c. Pupuh
d. Guru wilangan
e. Guru lagu
15. Sing kalebu guru lagu lan guru wilangan tembang Mijil
yaiku…
a. 10i, 6o,
10e, 10i, 6i, 6u
b. 8u, 8i, 8a,
8i, 8a, 8i
c. 8i, 8a, 8i,
7i, 8u, 7a, 8i, 12a
d. 7u, 10u, 12i,
8u, 8o
e. 12u, 6a, 8i,
12a
16. Kumpulaning ukara-ukara pokok lan ukara-ukara panjlentreh diarani...
a. pidhato d. Paragraf
b. Ukara pangkon e. Tetembungan
c. Ukara lamba
17. Sinau basa Jawi kudune
nyakup kewasisan babagan wicara, ngrungokake maca lan nulis. Patang kewasisan
iku manunggal ananging bisa dirembug siji baka siji. Awit tebane rembug amba
banget lan antarane siji lan sijine duwe ciri dhewe-dhewe.
Paragraf ing dhuwur migunakake pola pengembangan...
a.
Persuasi d.
Deduktif
b.
Argumentasi e. Induktif
c.
Eksposisi
18. Sepisan ayo padha manjatake
puji syukur marang Allah SWT , kanthi rahmat saka Allah uga kita bisa nindakake
upacara pembukaan lomba gerak jalan kanggo mengeti hari Pahlawan tahun 2011.
Cuplikan pidhato ing ndhuwur
diarani…
a.
Imbaun
b. Pangajak
c.
Pangalembana
d.
Saran
e.
Pendapat
19. Panulise
kapustakan sing bener katuduhake ana ing…
a. Pepak Basa Jawa. Soewardi Haryono. Yogyakarta: Pustaka Widyatama.
2009
b. Soewardi Haryono. 2009. Pepak Basa Jawa. Yogyakarta: Pustaka
Widyatama
c. Soewardi Haryono. Pepak Basa Jawa. 2009. Yogyakarta:
Pustaka Widyatama
d. Haryono, Soewardi. 2009. Pepak Basa Jawa. Yogyakarta: Pustaka
Widyatama
e. Haryono, Soewardi. Pepak Basa Jawa. Yogyakarta: Pustaka
Widyatama. 2009
20. Tembung Megatruh nduweni sipat…
a. lugas, blaka
b. nepsu sarena
c. gagah,
greget, sereng
d. susah,
sedih, keranta-ranta
e. manis, luwes, kesengsem
21. Sesorah yaiku...
a. njlentrehake idhe utawi pokok pikiran kanthi wujud
tembung-tembung wonten ing sangajenging tiyang kathah
b.
karangan ingkang ngginakaken basa ingkang endah lan boten kaiket dening
paugeran tartamtu
c. tiyang ingkang kapiji ndherekaken satunggaling acara
d. karya sastra
ingkang kaiket dening guru lagu, guru sastra, lan guru wilangan
e. pacelathon
ingkang kagungan ancas
22. Tema sesorah
ing sekolahan ingkang trep sawektu wulan April inggih menika.…
a. HUT
RI
b. Kartini
c. pahlawan
d. syawalan
e. pitulasan
23. Wanara seta menika senapatinipun Prabu Rama.
Wanara seta dasanamane ….
a. Anili
b. Subali
c. Anggada
d. Anoman
e. Sugriwa
24. Kanthi tansah angunjukaken puja-puji
rahayu sagung dumadi ing salami-laminipun, kalebet kula panjenengan sedaya.
Amin. Amin Ya Rabbal ‘Alamiin.
Perangan atur pasrah lamaran ing ndhuwur kalebu ….
a. Salam pambuka
b. Atur puji syukur
c. Atur kasugengan kairing atur
panuwun
d. Wedharing gati
e. Atur nyuwun pangapunten
25. Gambar paraga wayang kang digunakake ing
tatacara tingkeban yaiku gambare ….
a. Janaka-Sembadra
b. Nakula-Sadewa
c. Bima-Banowati
d. Dewi Kunthi-Abimanyu
e. Wrekudara-Rukmini
26. Ing
ngisor iki sing kalebu wangsalan sing lumrahe dianggo ana panampi pasrah
lamaran …
a. Ngebun-ebun enjang anjejawah sonten
b. Nginang jambe suruhe
c. Satemah adamel runtiking wardaya
d. Jenang sela wader kali sesonderan
e. Kupat duduhe santen
27. Ing
ngisor iki sing kalebu parikan sing lumrahe dianggo ana atur pasrah lamaran …
a. Ngebun-ebun enjang anjejawah sonten
b. Nginang jambe suruhe
c. Satemah adamel runtiking wardaya
d. Jenang sela wader kali sesonderan
e. Kupat duduhe santen, menawi lepat nyuwun
28. Bab-bab
ingkang kedah dipungatosaken nalika maos pawarta inggih menika ....
a. lafal, intonasi, jeda
b. volume, ekspresi, jeda
c. diksi, volume, ekspresi
d. ekspresi, intonasi, mimik
e. jeda, mimik, intonasi
29. Urut-urutaning
cariyos wiwit lekas ngantos pungkasan kawastanan …
a. alur carita d. irah-irahan
b. watak e. panutup
c. paraga
30. Ing
ngandhap menika karya sastra Jawa ingkang boten kalebet prosa inggih menika …
a. geguritan d. dongeng
b. cerkak e. cerbung
c. novel
31. Guru
lagu lan guru wilangan tembang macapat Dhandhanggula yaiku ....
a. 12u, 6a, 8i, 12a
b. 12i, 6a, 8i, 8a
c. 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
d.
10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a,
6u, 8a, 12i, 7a
e. 10i, 8a, 5b, 6o, 7i
32. Parikan ing ngisor iki tutokna
supaya dadi parikan kang trep.
Kembang
anggrek rumambat tepining bethek, ...
a. Nganti tuwek ngelmu iku ora kalong
b. Nganti sokmben ngelmu iki ora entek
c. Nganti sokmben ngelmu iku ora kalong
d. Nganti tuwa ngelmu iku ora entek
e.
Nganti tuwek ngelmu iku ora
entek
33. Ancase diwontenake musyawarah nggih menika...
a. Njaluk
informasi saka narasumber
b. Ngudhari
bab tartamtu
c. Golek jumbuhing pamawas utawa pasarujukan
d. Golek
panemu
e. Ngraketake
paseduluran
34. Carita kang nyritakake paraga Prabu Arjuna Sasrabahu karo Dasamuka
kalebu lelakon Sumantri lan Sukrasana yaiku…
a. Kadhewatan
b. Ramayana
c.
Arjuna Sasra
d. Mahabarata
e. Baratayudha
35. Rumpakan kang pinathok ing
paugeran sawetara, kang asale saka tembung guritan kang tegese nyanyian kebun
diarani…
a.
Tembang d. Lafal
b.
Swara e. Tembung
c. Geguritan
untuk nomer 36 - 50 berisi penulisan aksara jawa, jangan lupa dipelajari dan latihan di rumah
SEMOGA SUKSES !!!! :)
Komentar
Posting Komentar